Kabeh mergo soko keangkuhanku
Iki dudu nasip utowo takdir
Ananging kabeh lakon iki amargo kesombongan lan keangkuhanku.
Duh Gusti Kang Moho Welas.....
Mugio paring kesempatan dateng kawulo ingkang duroko meniko..
Duh Gusti Kang Moho Kuwoso ...
Mugio paring kekiatan ...
Kessmpatan anggen kulo kangge Tobat
Kesempatan kangge mbenahi lampah
Kesempatan kangge Noto IMAN ISLAM LAN IKHSAN kulo
Ugi Kekiatan anggen kawulo ngadepi pacoban meniko.
Nimas ..
Sliramu sing dadi amanah soko Gustiku
Penyakit sing ndak sandang iki ....
Soyo suwe soyo rekoso
Ananging aku kudu nompo kanti lilo
Iki dudu molo
Dudu sengkolo
Ananging iki nikmating Gusti
Lan berkahing Gusti
Aku ora ngerti ..
Opo aku kuat tanpo Welase Gusti..
Ngadepi kabeh lakon urip iki.
Nimas.....
Aku mung njaluk tulung marang sliramu
Sanadyan aku Rekoso
Sanadyan aku ora biso gawe donyamu kecukupan
Sanadyan aku ora sampurno tinimbang prio liyo
Aku njaluk tulung ewangono aku ngadepi Pitakone gusti ing tembe mburi
Kanti lakumu kang nurut marang perintahing gusti
Ridla lan syukurono nono opo sing wes ndak paringake marang sliramu
Sanadyan amung donga lan upo sesendok
Ewangono aku kanti taat lan bektimu
Ewangono aku kanti bareng urip miturut agomo
Ewangono aku nganggo weninge pikir lan atimu
Ewangono aku nganggo budi pekertimu
Nimas ayo nggayuh sorganing gusti bebarengan...
Kanggo Putro Putriku kabeh...
Pandongaku kanggo siro kabeh
Mugo dadi putro putri sing taat bekti lan sholeh ugo sholehah
Bapak ora bangga siro dadi dokter utowo pejabat
Ananging bapak bangga yen to siro kabeh dadi wong utomo
bekti taat marang wong tuwo lan Gustimu ugo Rosulmu
Ngger anak - anakku
Wes titi wancine siro kabeh ngadepi donya iki.
Sing ati ati lan waspodo
Sebab donya iki kebak goda
Kuatno Iman Islam lan Ikhsanmu
Ilangno kesombongan lan ke angkuhanmu
Mlakuo kanti ati lan pikiran sing wening
Sebab donya iki wes kebak sangkrah
Ngger....
Tresnanono ibumu lan sayangono ibumu
Bekti lan taato marang ibumu
Ojo ibumu sing mbok kon taat patuh marang sliramu
Ojo mikir bapak mikiro ibumu
sebab antaraning bapak karo ibu sing kudu mbok disiake pangestuni ibumu
Ngger Aku ora ngerti
Kapan bapak bali marang Gusti
Siapno ati lan mentalmu ngadepi lelakon urip
Ing wektu iki bapak amung nyuwun marang Gusti
Mugo Gusti isih lan tansah maringi kesempatan kanggo bapak
Kesempatan kanggo mertobat..
Kesempatan kanggo ngopeni lan mertanggung jawabke amanah gustimu
Yo iku Sliramu kabeh sing wes di amanahke no bapak
" Ya Allah berilah kekuatan dan umur panjang untuk ku Ya Alloh..Engkau Maha Kuasa ..Engkau Maha penerima Taubat ...Engkau Maha Welas Asih ...Engkau Maha Bijaksana...Engkau Maha Penentu ...Maha Besar Engkau Ya Alloh....Kabulkanlah doaku ini Ya Alloh.....Aamiin Ya Robbal Alaamiin "
0 komentar:
Posting Komentar